Jl. Argoboga, Salatiga, Jawa Tengah

Jumat, 04 September 2015

GEGURITAN , DIMUAT MAJALAH JAYABAYA.

CAHYAMU

Yo ben wong liya ngomong sliramu ireng,
Nanging ing atiku sliramu kuning nemugiring.
Yo ben lambe-lambe kakehan panyandra ala,
Nanging kanggoku sliramu kebak katuranggan.

Pancen sliramu mung pidak pejarakan, ngono unine kancaku,
Nanging ing utekku sliramu widadari kang mudhun saka pucuke srengenge.
Jare wong, sliramu kelemon,
Nanging kanggoku pancen sliramu lemu nanging ngangeni.

Cahyamu cumlorot adoh –adoh cedhak,
Sunare mblerengi mripat kang kebak katresnan,
Yen pengin cedhak ,
Aku kadya maca crita Ngoyak lintange Aris Purnomo.

Jeng....
Irenga kaya ngapa,
Eleko kaya ngapa,
Aku nedya cahyamu bakal tinemu.

Dening : Agus Junaedi Al Bayati

Jl. Sumantri Raya 27 Dukuh Asri Salatiga



GEGURITAN , DIMUAT MAJALAH JAYABAYA.
MRIPAT
Daklakoni kanthi sesidheman,
Dakanggep wong-wong ora meruhi,
Jane lima ananging daktulis loro,
Jane pitungpuluh ananging mung dakanggep pitu.
            Kanthongan ing klambiku,
            Dakrapeti lan dakrangkepi kandel,
            Senajan motol-motol karepku ora dineleng,
            Rumangsaku ketutupan kabeh lakonku.
Esuk – esuk aku dadi bingung,
Ana mripat tumempel ing tembok jamban,
Mentheleng weruh sakkabehe rikala wudaku,
Kabeh diblejeti.
            Aku metu, ana mripat ing dalan-dalan,
            Kabeh ndeleng weruh njaba njeroku,
            Ing kantorku kebak mripat menthelengi,
            Ana ing meja, tembok, gendheng,kayu-kayu.
Dakbukak lemari,
Mripat pating plolo ,
Aku arep mlayu,
Nanging arep menyang endi, ngendi- endi kebak mripat.
            Aku kepipit jagad,
            Rumangsa diukum wit-wit,
            Dikunjara wesi-wesi alam,
            Ora adhem senajan cedhak banyu.
           
Dening : AGUS JUNAEDI
Jl. Sumantri Raya 27 Dukuh Asri- Sidomukti- Salatiga- Jateng.



MUMPUNG ISIH SEWENGI

Peteng remeng-remeng,
Godhong-godhong mung semburat-semburat,
Ora cetha ijo, kuning apa ireng,
Anteng meneng ora kumlawe,
Surup iki amem,
Amung swara mbah Modin saka mushola sing rada ngedhemake ati.

Pitik-pitik wis ora piyag-piyeg, ngandhang,
Gangsir sing abene goreh, malah blas ora ngenthir,
Jangkrik ora ngerik senajan jrabang lan jlitheng,
Wengi iki sangsaya amem.

Mbah Modin kekidungan puja-pujian,
Isine memuji lan meden-medeni,
Jare malaikat juru pati lirak-lirik,
Jare ana kreta kencana rodhane rodha manungsa,
Medeni... nanging ing ati dadi ngati-ati.

Sing amem dadi ayem,
Sing mbregudul bakale tungkul,
Sing mbejujag mbeling dadi eling,
Sing kemaki bakal age-age tumapak mring daleme Gusti.

Pancen iki wayah surup tumuju wengi,
Nanging durung kalantur,
Isih ana sewengi kanggo memetri ati,
Mbuh sesuk isih kancingan nyawa apa wis mati,
Iki isih ana sewengi...aja digawe amem!
Lampahe Nabi dituruti lan diugemi.

Mbah Modin ora meden-medeni,
E...mbok menawa putune padha lali,
Amarga sedhela maneh kemulan nutupi rai,
E...sapa ngerti yen wis ora bali.



Geguritan, dimuat mjlh Panjebar Semangat no. 22, tg 30 Mei 2015
Dening : AGUS JUNAEDI

Jl. Sumantri Raya 27 Dukuh Asri- Sidomukti- Salatiga- Jateng.



Share:

NETENZA PEDULI

Tak terasa sudah 4 bulan berlalu sejak munculnya virus korona yang merebak di Indonesia. Banyak sektor yang terdampak atas penyebaran vi...

PIMPINAN SMPN 10 SALATIGA

PIMPINAN SMPN 10 SALATIGA
YATI KURNIAWATI, M.Pd.

Total Tayangan